Joko Pakal Apes, Nggaya Nyambi Kurir Ganja ambek Inex Akhire Kecekel Polisi

waktu baca 3 menit
Selasa, 17 Nov 2026 03:53 37 Totok Wahyono

SURABAYA – Nasib apes tenan nemoni ZA (24), arek enom asal Kecamatan Pakal, Suroboyo. Gara-gara kakehan polah nyambi dadi kurir sekaligus perantara barang haram jenis ganja ambek pil ekstasi (inex), de’e saiki kudu ndekem nang sel tahanan Polrestabes Suroboyo. Ben gak konangan lan gak perlu ketemu langsung ambek sing tuku, tersangka iki main nganggo sistem ranjau.

Aksi nekat ZA iki mandek total sakwise Tim Satresnarkoba Polrestabes Suroboyo nggrebek rong panggonan bedo nang wilayah Pakal, dino Rebo (11/11/2026) wingi. Polisi ngobok-obok omah nang daerah Sidorejo ambek kamar kosane tersangka nang Babat Jerawat. Teko penggrebekan iku, petugas nemokno barang bukti ganja abote 220,02 gram, cuilan pil inex, HP, ambek duwit tunai Rp 2,7 juta sing diduga asile upah dodolan barang haram.

Kasatresnarkoba Polrestabes Suroboyo, AKBP Dodi Pratama, njelasno lek ZA iki asline mung dadi anak buahe bandar gede inisial KBR. Saiki jenenge KBR wis dilebokno Daftar Pencarian Orang (DPO) lan terus diburu polisi.

“ZA iki dikongkon KBR njupuk ganja abote 500 gram lewat sistem ranjau nang ngarep salah siji kampus daerah Jalan Babat Jerawat pas tanggal 30 Oktober wingi,” tegese AKBP Dodi pas rilis kasus, dino Selasa (17/11/2026).

Gae pisan njupuk barang haram iku, ZA diiming-imingi opah Rp 1 juta. Ganja setengah kilo mau langsung digowo moleh nang kamar kosane gawe diecer dadi 10 poket cilik-cilik, sing sak pokete abote sekitar 50 gram. Poket-poket sing wis siap edar iku terus disebar maneh ambek ZA nganggo sistem ranjau nang pirang-pirang titik. “Setiap sak titik ranjau, tersangka iki oleh opah Rp 20 ewu,” imbuhe Dodi.

Gak cukup mung ngedarno ganja, jaringan iki yo nyuplai pil koplo kelas kakap alias inex. Tanggal 9 November 2026, KBR balik ngongkon ZA njupuk rong kresek plastik sing isine sekitar 200 butir inex werno ijo ambek ungu nang daerah Jalan Dukuh Kupang. Sesuke, paket atusan inex sing sempet nginep nang kosane ZA iku dijupuk kurir liyane. Teko jasa nitipno barang iku tok, ZA ngantongi komisi Rp 300 ewu.

Awal Mula Teko Cangkrukan Nang Warkop

Nang ngarepe penyidik, ZA ngaku lek de’e sek rong ulan iki nglakoni gawean terlarang dadi kurir ranjau ambek total pendapatan Rp 2,7 juta. De’e ngeles gak tau transaksi langsung ambek pembeli, mung mindahno barang sesuai perintahe KBR. Usut punya usut, ZA kenal bandare iku teko konco cangkrukan nang salah siji warung kopi (warkop) cedek omahe.

Sakliyane nyita atusan gram ganja, polisi yo ngamanno barang bukti liyane koyok sak tegesan ganja bekas pakai abote 0,012 gram, sak butir inex ijo logo O abote 0,381 gram, cuilan inex ungu abote 0,231 gram, ambek sak bendel plastik klip kosong.

Gara-gara kelakuane sing nggarai rusak iki, penyidik njerat ZA nganggo pasal berlapis. De’e dikenai Pasal 114 ayat (1) subsider Pasal 111 ayat (1) UU Nomor 35 Tahun 2009 tentang Narkotika, ambek Pasal 609 ayat (1) huruf a KUHP sing wis disesuaikan lewat UU Nomor 1 Tahun 2026. (kilat)

Tidak ada komentar

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

LAINNYA